sistem peredaran darah manusia
jantung paru paru dan pembuluh darah jantung memompa, paru menyuplai oksigen dalam darah manusia pembuluh darah berjumlah 3 arteri kapiler dan juga vena Jantung manusia ada empat 4 buah serambi diatas bilik di Bawah kiri yang bersih kanan yang kotor katup jaga aliran tetap benar darah arteri kaya oksigen vena miskin oksigen balik jantungistiq2011 blog
media belajar
Minggu, 14 September 2025
Senin, 05 Agustus 2024
TEMBUNG WILANGAN SAPERANGAN
1.
banyu
satetes
2.
bawang
sasiyung
3.
beras
saelas
4.
bolah
saukel
5.
cangkir
sagagrag
6.
daging
sairis
7.
dara
sajodho
8.
gamelan
sarancag
9.
gedhang
sauler
10. gedang salirang
11. godhong sapapah
12. gula satangkep
13. iwak sakepis
14. jahe sarempang
15. jagung saontong
16. jarik salembar
17. jeruk saajar
18. kangkung saiket
19. kembang sagagang
20. kencur sagrigih
21. kertas salembar
22. klengkeng saombyok
23. kambil sajanjang
24. kayu sabongkok
25. lenga sagendul
26. pete sabengkak
27. pete samata
28. pring saeros
29. pring saklonjor
30. sandal sapasang
31. sandhangan sapengadeg
32. sate sasunduk
33. sawah sakedhak
34. sawah sapathok
35. sega sapulukan
36. sega sakpiring
37. tebu sauyun
38. tela saktenggok
39. ayah sawuku
40. wedang sagelas
Selasa, 23 Januari 2024
Lagu mengenal otot nada anak kambing saya
Ada 3 jenis otot manusia
polos lurik jantung berbedalah fungsinya
otot polos tuh tak terkendalikan
untuk pernafasan dan juga pencernaan
lalu otot lurik tuh slalu kukendalikan
untuk mencegah kelainan berjalan
terakhir otot jantung
menggerakkan jantungku
memompa darah ke seluruh tubuhku
Rabu, 20 September 2023
Sesorah pramuka
Pramuka
Nggatra Jati Diri
Assalamualaikum wr wb
Salam Karahayon
Salam Pramuka
Ingkang dahat kinurmatan Kakwaran Depok
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu kepala
sekolah
Ingkang minulya ing budi bapak/ibu Guru saha kakak-kakak pendamping
lan sedaya kanca-kanca ingkang kula
tresnani
Pramuka mujudaken
kridha kepanduan ing Indonesia
ingkang kawiwitan kanthi madegipun Indonesische Nationale Padvinderij Organisatie (INPO
taun 1926 (sewu sangangatus nemlikur) ing Bandung. Laras kaliyan
pangrembakaning kawontenan, Pramuka ingkang mujudaken cekakan saking Praja
Muda Karana piguna kangge madhahi maneka kridha utami tumprap lare,
nem-neman, menapadene tetiyang diwasa.
Kepramukaan mujudaken kridha ekstra
kurikuler ingkang tembayatan kaliyan pehak sekolah. Lumantar Pramuka kapribaden lan kajiwanipun
saben siswa dipunasah. Ancasipun supados warganing Pramuka handarbeni budi
pekerti lan tumindak utami. Kangge mujudi ancas kasebat, saben tataran
Pramuka wiwit saking Siaga,
Penggalang, Penegak lan Pandega
sedaya nggadhahi target
piyambak-piyambak, supados saking setunggal tataran lan tataran sanesipun,
samidene saged njangkepi lan tansah murakabi tumprap pribadi, kluwarga,
sekolah, masyarakat, menapadene bangsa lan nagari Indonesia.
Andharan ing
nginggil kanthi trewaca ngandharaken wiwit saking sejarah, saha kridhaning
Pramuka ingkang piguna kangge nggatra
lare lan wiranem supados saged ndarbeni lan nggegegi jati dihiri bangsa Indonesia ingkang utami. Sumangga sampun ngantos tuwuh raos tidha-tidha
manunggal ing organisasi kepanduan
Pramuka, amrih saged netepi jiwa kautaman lan jejer minangka warga negari
ingkang tanggap, teteg, lan tanggon ndhepani bumi pertiwi kanthi kapribaden
luhur lan tumindak utami.
Makaten andharan
kula gayut kaliyan Pramuka lan pigunanipun kangge nggatra jati dhiri utami
tumpraping para siswa. Nyuwun pangapunten menawi wonten tata basa saha
pangrakiting tembung ingkang kirang handadosaken renaning penggalih.
Salam Pramuka
Pramuka
Pikukuh Jati Dhiri
Assalamualaikum wr wb
Salam Karahayon
Salam Pramuka
Ingkang dahat kinurmatan Kakwaran Depok
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu kepala
sekolah
Ingkang minulya ing budi bapak/ibu Guru saha kakak-kakak pendamping
lan sedaya kanca-kanca ingkang kula
tresnani
Pramuka mujudaken
salah satunggaling kridha kepanduan ing Indonesia. Sinaosa nagari
Indonesia dereng kagatra ananging kridha kasebat sampun nyawijekaken kalih
organisasi kepanduan kanthi nama Indonesische
Nationale Padvinderij Organisatie (INPO) rikala taun 1926 (sewu sangatus
nemlikur) ing Bandung. Laras kaliyan pangrembakaning kawontenan, Pramuka
ingkang mujudaken cekakan saking Praja
Muda Karana piguna kangge madhahi maneka kridha utami tumprap lare,
nem-neman, menapadene tetiyang diwasa.
Salebeting Prinsip Dasar Kepramukaan wonten sekawan bab ingkang saged
dipundayakaken kangge mujudi kapribaden lan kajiwanipun lare supados mboten
nalisir saking paugeran gesang. Awit salebeting prinsip dasar kalawau sinten kemawon dipunajab saged bekti lan
sumuyud dhateng Pangeran. Nggadhahi raos
handarbeni dhateng nusa bangsa, sesamining gesang kalebet alam lan
isen-isenipun. Migatosaken dhateng pangrembakaning pribadi sarta mituhu dhateng
angger-anggering Pramuka. Menawi bab
kasebat dipuntindakaken ing madyaning masyarakat tartamtu warganing Pramuka
badhe tansah murakabi
tumprap pribadi, kluwarga, sekolah, masyarakat, menapadene bangsa lan nagari
Indonesia.
Andharan ing
nginggil kanthi trewaca medharaken bilih kanthi manunggal ing Pramuka saged
kangge pikukuh jati dhiri amrih mboten gampil kelu dhateng ombyaking kawontenan.
Maneka budaya manca kedah dipunlaras supados cundhuk kaliyan budaya katimuran ingkang kebak reh
kasusilan lan tatakrami minangka jati dhiri dening Bangsa Indonesia. Menapa
malih Ngayogyakarta menika kondhang minangka lumbung seni lan kabudayan ingkang
mengku suraos luhur. Sumangga kaskaya luhuring budi, menebing lampah ingkang
kebak kasusilan, sarta raos bekti dhateng pribadi, Gusti, bangsa lan negari
menika dipungegegi minangka pikukuh jati
dhiri. Tinebihna raos lingsem madeg minangka manungsa Nuswantara kanthi nyawiji
ing Pramuka.
Cekap semanten andharan
kula gayut kaliyan Pramuka ingkang piguna kangge pikukuh jati dhiri tumpraping para siswa. Kupat duduhe santen. Menawi
lepat nyuwun pangapunten. Nuwun
Wassalamualaikum wr wb.
Salam Pramuka
Ngupadi
Jati Dhiri ing Pramuka
Assalamualaikum wr wb
Salam Karahayon
Salam Pramuka
Ingkang dahat kinurmatan Kakwaran Depok
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu kepala
sekolah
Ingkang minulya ing budi bapak/ibu Guru saha kakak-kakak pendamping
lan sedaya kanca-kanca ingkang kula
tresnani
Sampun trewaca
bilih Pramuka mujudaken bebadhan pendidikan
non formal ing Indonesia ingakng nggadhahi paugrean mirunggan. Minangka
bebadan mesthi kemawon Pramuka nggadhahi ancas, prinsip dasar kepramukaan, metode sarta sipat gerakan Pramuka. Menawi dipunbeblesi mbaka setunggal
sakalangkung kathah tuntunan luhur
ingkang kamot. Mligi ing sipat gerakan Pramuka; adhedhasar Konferensi Kepanduan
Sedunia rikala taun 1924 (sewu sangatus kalawanlikur) ing Kopenhagen, Denmark
kepanduan menika gayut kaliyan babagan Nasional. Internasional, lan Universal. Nasional mengku werdi bilih kridha
kepanduan ing sawenehing negari kedah nglarasaken kaliyan kawontenan,
kabetahan, sarta kabetahan masyarakat, bangsa lan negari. Internasional sedaya
organisasi kepanduan kedah nengenaken
pasedherekan lan memitran, sanadyan beda agami, kapitayan, golongan, suku lan bangsanipun.
Universal
kepanduan saged dipunginakaken
ing pundi kemawon kangge mucal lare saking maneka bangsa.
Andharan ing
nginggil kanthi trewaca medharaken, kanthi
manunggal ing Pramuka saged kangge ngupadi jati dhiri. Pramuka mboten mbedakaken
setunggal titah lan titah sanesipun. Sedaya rinengkuh sami minangka kanca lan
mitra. Tanpa mawas bedaning agami, suku, lan bangsanipun. Kanthi nengenaken
tembayatan, kekancan, lan memitran saged dipundayakaken kangge ngupadi jati
dhiri amrih tebih saking tumindak ingkang sisip. Memitran badhe ngrabuk raos
pasaedherekan, lan raos asih, satemah tebih saking watak ingkang remen
sesongaran, lan remen paben. Awit langgenging memitran badhe saged kagatra
menawi sedaya samidene ajen-ingajenan, samad-sinamadan, kanthi tansah nengenaken tumindak supados saged
dipuntampi lan migunani tumprap masyarakat, bangsa, lan nagari. Sumangga sampun ngantos wonten raos lingsem
nyawiji ing Pramuka, awit saged kangge sarana ngupadi jati dhiri kanthi tansah
nengenaken endahing kekancan lan memitran, linambaran luhuring patrap lan
tumindak ingkang migunani ing sesamining gesang.
Cekap semanten andharan
kula gayut kaliyan Pramuka ingkang piguna kangge ngupadi jati dhiri
tumpraping para siswa.
Nuwun
Wassalamualaikum wr wb.
Salam Pramuka
Senin, 29 Mei 2023
Pidato Perpisahan Kelas 6 Bahasa Jawa
Assalamualaikum
Wr Wb.Sugeng Siang, Bapak Kepala saha Bapak/Ibu guru SD Negeri Sarikarya
ingkang kinurmatan
Saha rencang-rencang ingkang kula tresnani
Purwakaning atur, sumangga kula tansah ngaturaken puji
syukur dhateng Allah SAW, Gusti Ingkang Maha Asih. Awit sih nugrahanipun,
panjenengan kaliyan kula saget makempal wonten mriki kanthi becik, wilujeng
mboten wonten alangan rubeda setunggal punapa.
Para rawuh ingkang kinurmatan, kula minangka wakil kelas
enem badhe matur, ingkang kapisan: kula sarencang kelas enem ngaturaken panuwun
dhateng Bapak/Ibu Guru ingkang sampun paring ilmu, kapinteran, saha keprigelan
lumantar pawiyatan kanthi sabar lan telaten ingkang dangunipun 6 warsa.
Ingkang
kaping kalih, kula sarencang nglenggana kathah lepat ing tindak tanduk, tata
krama, tata basa saha suba sita ingkang mboten mranani manah Bapak/Ibu Guru.
Pramila ing kalodhangan siyang punika kula nyuwun agunging samodra pangapunten.
Kaping tiga, kula sarencang sampun purna ngadepi gladhen
Ujian Sekolah ngantos kasil lulus, kepareng kula nyuwun pamit saha donga
pangestu Bapak/Ibu guru supados kula sarencang saget nglajengaken pawiyatan
dhateng SMP, ing tembe saget mujudaken gegayuhan ingkang luhur.
Bapak/Ibu
Guru ingkang kinurmatan, sanadyan kula sarencang sampun purna pawiyatan wonten
ing SD Negeri Sarikarya, ananging kula sarencang tetep jagi kebecikan saha
kaluhuran SD Negeri Sarikarya. Kula sarencang ugi ndonga mugi-mugi adhik-adhik
kelas I ngantos kelas V saget mituhu, gemi lan setiti angenipun sinau ing
panyuwunan mugi kaparingan berkah kepinteran saha prestasi ingkang sae saking
Allah, Gusti Ingkang Maha Wasis.
Wasana cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten atur
kula ingkang mboten mranani penggalih sedaya para rawuh, kula nyuwun agunging
pangapunten. Nuwun.
Wassalamualaikum
Wr Wb
Rabu, 23 Januari 2019
mengenal planet
Merkurius dan Venus
Bumi Mars dan Jupiter
Saturnus Uranus Neptunus
Yang terpanas si Venus
Yang terdingin Uranus
Yang tebesar Jupiter
Terkecil Merkurius
bercincin si Saturnus
Yang merah namanya si Mars
Planetku namanya Bumi
Penuha air dan udara